Kudus

KUDUS 1970

Share

Tangiii, ojo turu Kang.
Srengenge wis moncer ndok wetan kono.

Manuk- manuk ndek mau ngoceh kabeh,kandane :
Urip iku seneng kang
Iki ,wong wong wedok tukang mbatil wis nguncluk mlaku balapan tekan pabrik. Lewat sawah lan dadah mlebu kutho, ketemu koncone ono sing numpak sepedah.

Radio manggala wis geger gember ngunekno.iklan sabun sampo ambek toko toko sing dodol sembarang ndengah.

Mlayune jaran menggeh menggeh, narik penumpang lungo pasar sing dodol pakean,jarik lan sarung.
Becak becak mubengi alon alon simpang tujuh sing anyar lagi dadi. Tukang becak menggos2 ambegane .
ngeterno pegawe kabupaten sing..do gelungan macak kartini.

Tahun iki ,terminal bis wis ora ndok alon2, pindah ngidul cedhak rumah sakit umum, adep adepan lapangan Bal Ploso.

Bioskop Oen diganti jeneng RIa , bioskop Irama dirobah Ramayana , ndok tingkat duwure ono kuliahe STE sekolah tinggi ekonomi.

Saus saus rokok mbako semegrak manis ndok irung.Pabrik rendeng wis kebak antrian trek trek tebu.
Tapi kuli kuli ijeh ono sing ndodok ,ngadeg ndok ngarep warung sego lodeh.
Ngebulno udude : Uripe ketok nikmat

Ambune gurih wangi teko kempus pabrik Jenang 33 Ngantenan nandani esuk wis rino.
Bocah bocah sekolah nglumpuk ndok lapangan aloon aloon.Suarane lagu Indonesia Raya karo Ibu Kartini, ngobahno aluse pucuke wit wit cemoro sing ijeh enom.

Upacara aprilan, do disenengi. Wong wong akeh sing ndelok ngaup ndok pinggiran toko,ngarep mejid Gede, yo ono sing ndok Tosera( toko serba ada).
Kabeh kendaraan disetop.

Polisi siji nyetop ngadangi dalan.
Apik tenan kabehe.
Ditoto, diatur, ora galak ora mencak mencak.
Do podo syukur mbek ikhlas atine . …@
Bin.s

Related Articles

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back to top button